Laman

Gambar

SISWA PERINGKAT SEPULUH BESAR UN SMPN 1 KAYEN 2015

Gambar

BERGAMBAR BERSAMA DI HARI GURU NASIONAL 2014

Gambar

GAMBAR BERSAMA SETELAH PELEPASAN KELAS IX TAHUN 2013

Gambar

SMPN 1 KAYEN BERWISATA KE PANTAI KUTA PULAU BALI.

Gambar

JUARA 3, LOMBA PENELITIAN ILMIAH REMAJA, KAB. PATI 2013

Gambar

JUARA UMUM PENCAK SILAT BUPATI CUP 2014 KABUPATEN PATI

Gambar

SERAH TERIMA PENGURUS OSIS LAMA KE PENGURUS OSIS BARU

Tampilkan postingan dengan label B Jawa Kelas 7 Sem 2. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label B Jawa Kelas 7 Sem 2. Tampilkan semua postingan

Minggu, 02 Agustus 2015

Grebeg Mulud Sekaten

Ditulis lan dipostingke dening  Admin Web

Gambar Grebed Sekaten (Sumber gambar : google.com)
Garebeg Mulud asring kasebat Sekaten. Garebeg Sekaten kapendhet saking namaning gamelan pusaka Kyai Sekati ing kraton Ngayogyakarta. Gamelan Kyai Sekati dumados saking kalih prangkat gamelan, inggih punika gamelan Kyai Gunturmadu kaliyan Nagawilaga.

Gamelan Kyai Sekati dumunung wonten ing pagongan sisih ler lan pagongan sisih kidul ing kompleks Mesjid Agung Kraton Ngayogjakarta. Gamelan punika dipunthuthuk tanpa kendhat, kajawi ing wayah salat lan malem Jemuah dumugi salat Jum’at. Gendhing-gendhing ingkang dipunungelaken sedaya anggitanipun para wali sanga. Utaminipun Sunan Kalijaga, Sunan Bonang, Sunan Giri, lan Sunan Kudus. Gendhing-gendhing kala wau ancasipun kangge syiar agami Islam. Pramila nama-namaning gendhing ngangge basa Arab kanthi lafal basa Jawi. Tuladhanipun Salatun Subinah, Ngajatun, Sumiyah,lan Jaumi.

Ing Kalender Jawi, wulan Hijriyah Robiul Awal kasebat wulan Mulud. Sekaten utawi Garebeg Mulud kawontenaken dening Kraton Kasultanan Ngayogyakarta ing wulan Robiul Awal. Satunggal minggu saderengipun pengetan miyosipun Nabi Muha Muhammad SAW. Dening masarakat ing Surakarta lan Ngayogyakarta garebeg Mulud limrahipun kangge pisowanan.

Adicara ingkang baku inggih punika Garebeg Mulud utawi Pasowanan Mulud utawi Sekaten. Adicara punika awujud kegiyatan waosan utawi pengajian riwayat Nabi Muhammad SAW lan salawat Nabi. Adicara punika kawontenaken ing Masjid Agung Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat dening Kyai Kanjeng Pengulu. Biasanipun Sri Sultan utawi Sri Suhunan tedhak saperlu ngrawuhi adicara punika. Ing pasowanan punika Sultan caos sedhekah kangge para kawula ingkang dipun wastani nyebar udhik-udhik.

Enjingipun medal gunungan pinangka puncaking adicara Sekaten utawi Garebeg. Pareden Gunungan ing Sekaten punika awujud tumpeng ingkang isinipun sekul saha ubarampe saking asili bumi. Pareden utawi Gunungan tansah dipuntengga dening tetiyang ingkang badhe ngalap berkah. Sasampunipun dipundongani kangge keslametan, kawilujengan , kasantosaning raja , sentana miwah sedaya kawula, gunungan lajeng dados rebutan masarakat ingkang sampun andher nengga wiwit enjang.

2.            Golekana dasanamane tembung-tembung saka wacan “Garebeg Mulud” iki. Sabanjure gawenen ukarane!

No          Tembung             Dasanamane      Ukara
1.            Gamelan              …….        …….
2.            Dumunung         …….        …….
3.            Anggitan              …….        …….
4.            Pasowanan         …….        …….
5.            Adicara …….        …….
6.            Baku      …….        …….
7.            Wiyoga …….        …….
8.            Kawula …….        …….
9.            Sentana               …….        …….
10.          Kawilujengan     …….        …….
3.            Wangsulana pitakonan kang cumawis nganggo basa ngoko lugu lan krama!

No                          Pitakonan                                                                           
Wangsulan
                                                                                                                                               
Basa Ngoko
Basa Krama
1              Garebeg Mulud uga kerep disebut apa ?                    


2              Apa jenenge gamelan rong prangkat Kyai Sekati?                    


3              Gamelan rong prangkat mau dipapane ana ing ngendi?                           


4              Ing wanci apa gamelan Kyai Sekati ora ditabuh?                        


5              Sapa wae sing ngripta gendhing-gendhing sekatenan iku?                            


6              Duwe ancas apa para wali ngripta gendhing-gendhing kanggo upacara Sekaten mau?                 


7              Garebeg Mulud dianakake ing kraton ngendi wae?                       


8              Apa wujude gunungan sekaten iku?                       


9              Nalika malem 12 Mulud ing Masjid Gedhe dianakake apa?                  


10           Apa Sekaten isih perlu ditindakake ing jaman saiki? Apa pawadane?                       






4.            Critakna maneh kanthi lesan isine wacan “Garebeg Sekaten” ing ngarep kelas!

Sumber materi : https://app.box.com/s/ilfss7jgm7gdg4hhfpa9

Pengetan Waisak

Ditulis lan dipostingke dening Admin Web
Gambar Pengetan Waisak (Sumber : google.com)
      Pengetan Waisak punika mengeti dinten miyosipun, nggayuh bodhi, utawi nggayuh kawruh kasampurnaning gesang, saha sedanipun Sang Budha Gautama, panutanipun umat Budha.
          
     Sang Budha Gautama, nilar kamuktening kedhaton, saha nilar garwa tuwin putranipun Prabu Sudhodhana, ing nagari Kapilawastu ing tanah Indhia Ler. Miyosipun kinten-kinten 600 taun saderengipun taun Masehi.
     
     Kacariyos Pangeran Sidharta, nilar kamuktening kedhaton, saha nilar garwa tuwin putranipun, saperlu ngudi kasampurnaning gesang. Kanthi maguru dhateng para pandhita, saha para brahmana ingkang ngedegaken asrama ing wana-wana tuwin ing redi-redi. Wekasanipun Pangeran Sidharta lajeng mratapa, wonten sangandhaping wit waringin ing sacelakipun kitha Botgaya.
     
Danguning-dangu, ing satunggaling wekdal, Pangeran Sidharta saged nggayuh bodhi, utawi kawruh luhur bab kasampurnaning gesang. Wiwit titi wanci punika, asmanipun dados Sang Budha Gautama. Utawi Sakyamuni, tegesipun muni punika pandhita. Sakya punika namanipun suku bangsanipun. Dados Sakyamuni, sami kaliyan pandhita saking bangsa Sakya. Anggenipun kasil nggayuh bodhi wau ing satunggaling dalu wulan purnama, salebetipun wulan utawi sasi Waisaka, ingkang sapunika dados Waisak punika.
     
Awit saking welasipun dhateng manungsa, ingkang taksih kapetengan margining kasampurnan, wekasanipun Sang Budha nggiyaraken piwulanganipun. Wiwit mulang wonten ing Taman Kidang ing dhusun Sarnat, celak kitha Benares. Anggenipun nggiyaraken piwulanganipun nganti yuswa 80 taun, utawi dumugi sedanipun, nalika wonten ing kitha Kusinagar. 

     Ing pengetan Waisak Ing Indonesia, tetiyang ingkang ngrasuk agami Budha nindakaken upacara dipunpunjeraken wonten ing Candhi Barabudur saha Candhi Mendut Magelang. Pengetan Waisak kalebet dinten ageng agami lan dados dinten libur resmi sanagari Indonesia.
(DR. M.A. Sudi Yatmana, 1993 : 12 – 14)

2.            Critakna maneh intisarine wacan kasebut nganggo basamu dhewe!
3.            Tembung-tembung wigati ing ngisor iki golekana tegese kanthi milih wangsulan kang wus cumawis ana ing ngisore!
Miyos                    =
Bodhi                    =
Timur                    = 
Kadhaton            = 
Nilar                  =
Ngudi                    =            
Wana                 =
Redi                    =
Ngrasuk               =
sacelakipun        =
nggayuh               =
Muni                     =
Nggiyaraken       =
Yuswa                   =
Punjer                  =

Nggilut,  lair,  gunung,  kasampurnan,  golek,  ninggalake, enom, kraton, alas, pusat, umur, nyiarake, sacedhake, kasil sing diidham-idhamake, pandhita

4.            Pitakonan ngisor iki wangsulana nganggo basa krama!
a.            Pengetan Waisak iku mengeti apa?
b.            Nalika isih timur, Sang Budha gautama iku sapa asmane?
c.             Kena apa nalika timure oleh sebutan pangeran?
d.            Pangeran Sidharta lolos saka kadhaton nilar garwa lan putrane apa sing dikersakake?
e.            Pangeran Sidharta maguru marang sapa wae?
f.             Wusanane Pangeran Sidharta bisa nggayuh bodhi ana ing ngendi?
g.            Sawise nggayuh bodhi Pangeran Sidharta banjur ganti asma sapa?
h.            Ana ngendi sedane Sang Budha gautama, nganti yuswa pira?
i.              Pengetan Waisak biasane dipusatake ana ngendi?
j.             Sebutna jenenge agama kang diakoni dening pemerintah Indonesia  lan dina pengetane!
    
5.            Ceceg-ceceg iki isenana nganggo tembung sing mathuk lan wis cumawis ing ngisore!
a.            Dinten Isro’ Mi’roj inggih punika pengetan ……Nabi Muhammad SAW dhateng ngarsanipun Allah SWT.
b.            Dinten Nuzulul Qur’an inggih punika pengetan ….. kitab suci Al Qur’an
c.             Dinten Idul Fitri punika dinten pengetan umat Islam sampun rampung nindakakaen ….. ing wulan Ramadhan
d.            Dinten Natal punika dinten pengetan ….. Isa Almasih
e.            Dinten Paskah punika dinten pengetan ….Isa Almasih
f.             Maulud Nabi punika kangge mengeti …… Nabi Muhammad SAW
g.            Dinten Idul Adha punka sami kaliyan dinten ageng …. Tumrap Agami Islam
h.            Dinten Nyepi punika pengetan umat Hindhu mapag taun enggal taun ….
i.              Pengetan 1 Sura punika sami kaliyan taun enggal …. Tumrap agami Islam
j.             Pengetan dinten ….. dipunpusataken wonten ing Candhi Barabudur lan Candhi Mendut.

Waisak;  Saka; Hijriyah;  minggahipun;  sedanipun;  siyam ;  kaji;  tumurunipun ; miyosipun ; 
Sumber materi : https://app.box.com/s/ilfss7jgm7gdg4hhfpa9